Searching...
November 20, 2013

ngana-nganane piwe koh?



Jerene sih siki bulan bahasa. Mbuh juga sih nyong tah ora ngerti, sapa juga sing nentukna bulan bahasa kue neng sasi november. Senenge sekepenake dewek haha #ciriciribakatdadioknumPNS

Yawislah daripada dadi pegawe sing bener, nyong arep mangkir sekang pegawean ben teyeng posting neng blog *terus sekang mburi dikeplak neng cinane*

Nyong tah jane wis suwe mandan mikir(Iya, mandan mikir tok, ora mikir temenanan, wis rausah  melu mikir mbok gemblung) nek anu wong jawa tah ana-ana bae polaeh. Ya mbuh si anu temenan polah apa anu ra sengaja, tapi wis sering weruh. Enggane nek ora sengaja tapi diulang-ulang ya kayane anu sengaja lah ya hehe. Tau ngalami urung, nek lagi mangan karo kancane rame-rame, panganane tapi nyisa ora dientongna?

Mbuh si anu nyong tok apa kanca-kancane sing mandan kencleng, tapi saben nek anu jagongan, disediani panganan(camilan, kriyikan dll dll) koh mesti ora dientongna. Misale kiye nek disuguhi bakpia 40, ana bocah 4 kan berarti nek goli bagod setara kabeh kan olih 10 iji bakpiane. Tapi koh wis cetal cetil mandan suwe, mesti bakpia neng meja disisani siji apa loro, jane ya pada doyan tapi langka sing ngentongna.


Kancamu pada kaya kuwe ora?

Kayane wong jawa koh rikuhan temen ya, anu panganan entong ya ora papa nek disuguhi ya pancen kon dientongna perkara sing duwe umah anu ikhlas ikih. Tapi nek njaluk terus dientongna tah jenenge kurang ajar haha. Beda maning nek anu mangane koh mangan tumpeng, mesti pada entong. Jere ora ilok nek tumpeng ora dientongna. Dadi nek camilan ilok-ilok bae nek ora dientongna. Apa pisan lah (apa banget deh)

Tapi nek tahlilan, disuguhi udud malah dientongna. Panganane disisani ora dientongna kabeh haha kayane ana bae koh sing teka maring tahlilan niate nggolet udud. Udud maning udu maning.

Tapi ngana-nganane, nek wong jawa ditawani watu apa sesuwatu deneng kudu nolak disit ya? Masa iya sih leluhur jaman ganu, hayam wuruk apa gajah mada nek ditawani nolak disit, terus temurun maring kabehan wong jawa. Apa hayam wuruk kue anu wonge isinan, tapi diconto neng kabehan wong jawa ya?




Isinan malah ditiru, ora heran nek wong jawa minderan. Hadeeeh

Tapi ya kaya kue lah wong jawa, nyatane isinan. Arep pintere kaya ngapa, ora bakalan pamer. Tapi nek pinter terus dikatonna, malah ndarani songong+sombong. Mbuh apa karepe wong jawa *gagal paham*

Tapi wong jawa karo wong jepang jane akeh miri-miripe lho nek njenengan gelem mikir *nek ora gelem mikir ya orapapa* *keplak ndhase*. Misale, loro-lorone pada-pada ngerti budaya nek ngormati wong kue kudu mbungkuk. Nek jepang kan ngerti dewek lah ya, kan ketemu karo wong terus mbungkuk nggo tanda hormat. Jerene nek tambah mbungkuk tambah hormat, sip berarti nek mbungkuke ngisor banget *ndhase nempel lemah yakena #okesip*

Angger wong jawa, nek liwat ana wong tua lagi jagongan, sing ngerasa waras enom tata kramane ya mbungkuk. Misal lagi pada gaplean neng poskamling, nek liwat ya mbungkuk. Nek misal motoran ngliwati wong tua, ya mudun disit motore diceperi. Nek arep kaya wong jepang sing semakin mbungkuk semakin hormat ya kena, berarti nek njenengan mlaku, goli liwat karo tiarap bae #okesip

Orapapa goli liwat neng ngarep wong tua tiarap, sing penting IQ-ne aja tiarap juga

0 komentar:

Post a Comment

 
Back to top!